Kamis, 14 Agustus 2008

PERIBAHASA JAWA

PERIBAHASA JAWA
Adigang, adigung, adiguna - Ngandelaké kakuwatané, kaluhurané, lan kapinterané.
Bathok bolu isi madu - Wong asor nanging sugih kapinteran.
Becik ketitik ala ketara - becik lan ala bakalan ketara ing mburiné
Dhemit ora ndulit, setan ora doyan - Tansah diparingi slamet ora ana kang ngrusuhi
Emban cindhé emban siladan - Pilih kasih ora adil
Enggon welut didoli udhet - Panggoné wong pinter dipameri kapinteran sing ora sepirowa
Gupak puluté ora mangan nangkané - Mélu rekasa nanging ora mélu ngarakaké kepénaké
Jer Basuki mawa béa - Samubarang gegayuhan mbutuhaké wragat
Kacang ora ninggal lanjaran - Anak niru wong tuwané
Kaya banyu karo lenga - Wong kang ora bisa rukun
Kebo nusu gudél - wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
Kegedhen empyak kurang cagak - Kegedhén kakarepan nanging kurang sembada
Kuthuk marani sunduk - Ula marani gepuk -- Marani bebaya
Maju tatu mundur ajur - Prakara kang sarwa pakéwuh
Nabok Nyilih tangan - Tumindak ala kanthi kongkonan wong liya
Pupur sakdurungé benjut - Ngati ati mumpung durung cilaka
Sapa Sing salah bakal séléh - Sapa sing salah bakal konangan
Tumbak cucukan - Wong kang seneng adu-adu
Tulung Menthung - ditulungi malah ngrusuhi
Wiwit kuncung nganti gelung - Wiwit cilik nganti tuwa
Yuyu rumpung mbarong rongé - Omahé magrong2 nanging sejatiné mlarat

NASEHAT
Basa iku busananing bangsa - Budi pekerti seseorang bisa terlihat dari tutur kata yang diucapkannya
Sapa sing salah bakal Séléh - Orang yang salah akan ketahuan juga
Adigang adigung adiguna - Mengandalkan kekuatan, kebaikan dan kepintaran
Jer Basuki Mawa Béa - Segala sesuatu butuh biaya
Rawé rawé rantas malang malang putung - Siap menghadapi segala rintangan untuk mencapai cita-cita
Gliyak-glitak tumindak, saréh pakoléh - Walaupun perlahan-lahan tetapi tercapai apa yang dikehendakinya
Kacang ora ninggal lanjaran - Tingkah anak tidak beda dari orang tuanya
Kakéhan Gludhug kurang udan - Kebanyakan Omongan tidak ada tindakannya
Kuthuk nggéndhong kemiri - Melakukan pekerjaan sesuai dengan kemampuan
Pupur sadurungé benjut - Berhati-hati mumpung belum celaka
Sabar saréh mesti bakal pikoléh - Berbuat sesuatu jangan terburu-buru
Yitna yuwana mati léna - Orang yang hati-hati akan selamat orang yang sembrono bakal celaka
Ajining Diri saka lathi - Ajining Salira saka BusanaBagusnya orang bisa dilihat dari tutur kata dan Pakaiannya

2 komentar:

hima-ancala mengatakan...

bagus dik. kalo bisa diperbanyak saja. saya malah sudah lupa semua pelajaran2 jawa kaya gini.
nice post, tks for that.

Wahyu Rakai Bejonan mengatakan...

Nguru uri kabudayan apek kowe Stef Baca Singa dan Hutan